telaga nangka

>> Jumat, 17 April 2009

ueman,.. nek kowe tau mlaku saka Tuban ning Rengel mesti ngeliwati telogo nangka.., pas lewat kono kepikir ndahneo apike daerah kono nek digawe koyo daerah Pecatu, Jimbaran. Pecatu meh padha karo daerah Tlaga Nangka , akeh watu kapure, tapi nek daerah pecatu iso uapik mergo nek ngeduk watune ora ngawur, nek Tlaga Nangka nduwure sumber air Mbeti (Bektiharjo) dikelola cara njupuke mesti yo iso apik , opo maneh nek iso koyo cutting rock art pecatu Jimbaran, nek ning jimbaran mben jam pitu encene ono tari barong nek ning kono iso dikei sindiran, asline iso wae sih..tapi yo mergo ora ono sing gelem ngelola ngono kuwi, mestine pemda Tuban sing berhak ngatur tow ngawe ben Tlaga nangka iso koyo Pecatu, Jimbaran. kabeh mau sih karepku loh, nek karepem yo embuh maneh. lah nek Mripatem ngawasi kedukan watu mbuh ijin mbuh gak koq sak karepe dewe ngono kuwi koq yoh miris, isin, eman dadi sitok. sepurane iki yoh cara nggonku dewe, nek nggonem mesti carane seje neh.
mungkin perlu ngaji ulang ben "exploring" watu nok kono ditertipo, terus diatur, ditatah sing apik ben wujud "cutting rock art" sing payu didol. asline ning Tuban dewe yo uakih loh nggon sing top markotop apike cuman koq gak terawat blas. bener nek sarana umum apik-apik mergo "the best Infrastucture" tapi apik neh nek ono tambahan pengelolaan lahan laku didol sebagai pariwisata daerah , lumayan toh penduduke isa mundak tarap hidupe. walah suk meneh diteruso..

Read more...
Free Website Hosting Free Website Hosting

tamu ke

Bzoone Real Estate Directorybillige Flyrejser og fly

pencarian anda

  © Blog template Shinydonks Oleh: Ponco BeeS 2008

Back to TOP